Minggu, 27 Oktober 2019

Gurit kanthi tema Kahanan Bangsa dening Septiana


1.       Eman, bangsaku

Remuk. Ajur. Mbuh
Meh mbok piyeke bangsaku?
Meh mbok apakna negaraku?
Iki udu negara Ngalengka kekuasanmu!
Iki negara demokrasi!
Rakyat kabeh padha duwe hak nyuara!
Aja sak senengmu dhewe,
Mung merga koe panggedhe.
Eman bangsaku,
Yen kowe kaya mangkana
Eman bangsaku,
Yen kowe ra mikirna rakyate
Eman bangsaku,
Yen dikuasai wong sing ra mikir,
Blas. Aku ra gumun.
Nek isamu mung gawe remuk bangsaku


2.       Jarene

Jarene,
Negaraku negara demokrasi
Nanging..
Nyuara kudu diwanti-wanti
Rakyate mung bisu nek ditakoki
Nyuara wedi konangan wong mburi
Aja sampe salah ngomong sing ora mranani ning ati
Yo atine sing jare panggedhe kuwi!
Jarene,
Negaraku negara hukum..
Nanging..
Sing korupsi mlancong ning luar negeri
Sing mateni blas ora ana wedi
Sing ngrudapeksa dilindungi
Blas... kaya los saka ukuman

Jarene
Negaraku negara toleransi,
Nanging..
Beda suara padha disengit
Beda panemu padha ora dibala

La sakjane negaraku kuwi bangsa sing kaya ngapa?


3.       Sabda Pahlawan Kamardikan

Pring-pring wis dilancipi
Rasa ning ati wis dimantepi
Walanda-walanda wis padha diusir
Saiki wis wayahe
Indonesia kudu mardhika
Kanggo besuk anak putu
Supaya bisa ngrasake sugihe alam bangsa iki
Kuwi wis dadi karepku
Kuwi wis dadi tekadku
Saiki wayahe, Indonesia kudu mardhika


4.       Buruh

Bangsaku pancen sugih
Pesisir sing kanggo nelayan golek iwak
Utawa sawah sing kanggo tani nandur pari
Bangsaku duwe kabeh
Gunung, bukit, laut, sawah, kebon, utawa alas
Kabeh cumepak ana ing Indonesia
Eman, rakyate ora wasis ngopeni,
Malah kepara diopeni wong manca Negara
Rakyat mung dadi buruh
Diapusi, diopahi ora sepira a
Tenaga dikuras ora reti wayahan
Jan mesakna rakyate
Sing ora wasis ngurusi alame dhewe
Gelem trima resik diopekake karo wong manca
Ora nglegewa dene kapusan!


5.       Korupsi

Cah! Tak kandani!
Apa kowe padha ngrasa?
Budhaya pemerintah uwis owah
Konangan korupsi sajak bangga
Mlancong ning mancanegara sajak mulya
Ora mikir piye kahanane rakyat e,
Sing ketula tula kanggo makani pejabat
Ora mikir piye mengko keluargane
Sing diwènèhi nafkah haram
Sing dipikir mung dhuwit karo dhuwit
Kaya-kaya wis ora ana predhuline marang kahanan bangsa!


6.       Ora dadi ora waras

Caleg jaman saiki
Duweni prinsip
Angger dadi,
Dhuwit pira wae wani ditogake
Amarga bakale entuk balen saka jabatane mengko
Nanging, yen wae nora dadi
Bakale dadi ora waras!
Ora kabeh,
Nanging akeh nyatane!


7.       Politik

Jaman saiki apa-apa politik
Ora duwe dhuwit ora menang ning pengadilan
Ora duwe pangkat ora bakal mangkat menang
Ora duwe jabatan ora bakal isa menggak
Kabeh saiki di politik
Ora cerdas ya mung di apusi
Ora ngapusi bakal dadi sing kapusan
Wong jujur wis angel golekane
Wong curang ana ing sanggon-nggon


8.       Aneh!

Pancen aneh tenan negara iki
Sing kere diangel-angel
Sing sugih panggah disunggi
Sing mlarat digawe sekarat
Sing mulya sansaya mulya
Sing salah ora katon salah
Sing bener ora katon disawang
Merga apa?
Merga derajat, pangkat, uga jabatan sing jarene tumemplek
Sapa kowe, nemtokake kowe mengko ning pengadilan
Apa ora? Apa aku sing salah?
Yen ngono sing uwis uwis kuwi sapa sing bisa jelaske?
Sing nyolong dhuwit atusan yuta mlancong ing manca negara
Sing trima nyolong gedhang ben isa mangan malah ditahan ing pakunjaran


9.       Demo

Patlikur September rong ewu sangalas
Dina kang dadi sejarah kanggo mahasiswa maneh
Dina sing gawe sedalan dalan rame mahasiswa
Mahasiswa sing nakokake cethane revisi undang-undang
Ana apa? Kok undang-undang e direvisi kaya mangkono?
Ana apa? Kok sajak arep gawe geger negara?
Ana apa? Kok sajak gawe sing mlarat tambah sekarat?
Ana apa ing njero gedhung sing nggo “kerja” DPR kae?
Apa sing wis kedadeyan?
Apa sing ora dimangerteni rakyat liyan?
Kok revisi sajak ngajak geger
Mahasiswa sing arep nugas malah kepara melu demo
Ben supaya undang-undang e ora sansaya mlenco


10.   Budaya Bangsa

Bangsa sing jarene wis mardhika iki,
Wis arep kelangan ciri khase bangsa
Bangsa sing jarene wis mardhika iki,
Ngakehi olehe melu-melu budaya manca
Budaya bangsa malah kepara sansaya dilaleake
Oalah, para pejuang sing ngrebut bangsa iki saka Walanda apa ora gela?
Udu gela merga sing merjuangake nganti mardhika!
Nanging gela yen budaya sing diperjuangake malah dilaleake ngono wae!
Apa arep kaya mangkono? Apa ora gela?
Yen budaya mu kasep diaku budaya manca
Amarga rakyate wegah jaga
Yen ora bangsane dewe sing kudu jaga,
Banjur sapa meneh?

Tidak ada komentar:

Posting Komentar