Minggu, 27 Oktober 2019

10 gurit kanthi tema Kampus dening Septiana


1.       Semangat mahasiswa

Isuk, awan, sore, wengi
Ra ana bedane
Mesthi ana wae kegiatane
Mboh kuliah, mboh nongkrong, mboh rapat, mboh mung kumpul biasa
Semangat mahasiswa sing makantar-kantar patut disengkuyung
Ngembangaké minat lan bakat awake bareng kanca-kancane


2.       Jare

Jare mahasiswa jawa
Nanging ora sitik sing lali babagan budaya
Jare mahasiswa Jawa sing gapyak
Nanging ketemu angkatane sajak ora reti
Jare mahasiswa kuwi kudu duweni rasa
Nanging anane mung rasan-rasan marang liyan
O la mahasiswa!


3.       Panggonan apa?

Kampus kuwi panggonan apa?
Panggonan kanggo sinau?
Panggonan kanggo organisasi?
Panggonan kanggo rapat?
Panggonan kanggo kumpul?
Sakjane kampus kuwi panggonan kanggo apa to?
Apa malah kepara mung panggonan kanggo pacaran?
Utawa panggonan kanggo sarana golek jodho?
Apa bedane?
Mboh! Ora paham!


4.       Tugas

Pancen dasare mahasiswa kesed!
Tugas seminggu digarap bengine sadurunge ditumpuk
Tugas sesasi ya ora ana bedane
Panggah digarap bengi sadurunge ditumpuk
Pancen kaya ngnono kuwi kelakuane mahasiswa
Alesane werna-werna
Sing jarene melek tekan wengi ya ana
Sing jarene kerja ya ana
Sing jarene rapat ya ana
Sing alesane jaga kampus apa ya ana?
Wis. Pokoke ana wae
Alesan yo mung nggo alesan!
Tugas ya tugas!


5.       Rapat

Isuk kuliyah
Awan kuliyah
Sore sing jarene kumpul sie
Bengine wis mulai rapat
Senin rapat
Selasa rapat
Rabu rapat
Kamis? Jumat?
Yo rapat uga
Sabtu? Minggu?
Alhamdulillah kadhang kala ya ana preine barang


6.       Ning ngendi?

Saben metu kos,
Aku ditakoki, “arep ning ngendi, Dhik?”
Jawabanku panggah “badhe teng kampus, Mbak.”
Pesene mbak  kos  “Sing semangat ya, Dhik”


7.       Gazebo

Saben arep rapat,
Mesthi ana bocah sing golek panggon
Mboh ning jaba ruangan
Apa ning jero ruangan
Panggon kelangenan e bocah-bocah ya gazebo
Gazebo kampus sing cedhak kantin kae
Pancen, jare cah jaman saiki
Favorit tenan!


8.       Jaga kampus

Mahasiswa kuwi werna-werna
Ana sing sugih ana sing prasaja
Ana sing royal ana sing ngirit
Ana sing ngekos ana uga sing turu kampus
Ya kuwi, mahasiswa jaga kampus
Niyate samesthine ya beda-beda
Kanthi alesan sing maneka warna,
Mahasiswa jaga kampus malah raket sesambungane
Padha ngerti lan apal kahanan kampus
Malah kepara dadi  dikenal mahasiswa sing liya
Mahasiswa anyar utawa mahasiswa semester tuwa


9.       Kampus

Ing kampus, mahasiswa padha sinau
Ing kampus, mahasiswa padha golek ilmu
Ing kampus, mahasiswa padha garap tugas
Ing kampus, mahasiswa padha golek wifi
Ing kampus, mahasiswa padha kumpul kancane
Ing kampus, mahasiswa padha rapat
Pokoke kampus, donyane mahasiswa


10.   Fasilitas Kampus

Jaman saiki, jamane wis canggih
Apa-apa sarwa online
Online butuh internet
Kanggo sing ra duwe kuota internet
Ya panggah golek wifi
Bejane jaman saiki
Wifi wis dadi fasilitas kampus
Ora ana wifi?
Cetha fasilitas kampus e kurang jangkep!


Tidak ada komentar:

Posting Komentar