Minggu, 27 Oktober 2019

10 Gurit kanthi tema Katresnan


1.       Pedhot

Jarene tresna,
Nanging…
Pedhot karo sliramu,
Aku golek sing liya
Pedhot karo aku.
Sampeyan golek sing liya
Pancen. Dudu jodhone!


2.       Rasah dirembug

Perkara tresna ora perlu dirembug
Ibarat pengin susu ya kudu susu
Kasep seneng susu dikei kopi ya wegah
Ibarat seneng iki ya kudu iki
Kasep seneng iki dikei kae ya wegah
Kasep seneng wong kene dikei wong kana ya wegah
Kasep seneng anake iki dikei anake kae ya wegah
Kasep seneng sing gedhe dikei sing cilik ya wegah
Kasep seneng kowe dikei sing liyane ya emoh
Emoh ya emoh!
Kowe ya kowe!
Pokoke kudu kowe!




3.       Dak Nteni

Sajak ayu rembulan sing dak sawang
Ngelingake aku marang esem gumuyu mu
Gawe atiku tansah tratapan
Kelingan sliramu sing ning adoh paran
Kapang tenan rasane atiku iki
Kaya-kaya kudu mabur nemoni sliramu
Nanging adohe paran gawe aku kudu ngempet
Dongaku kanggo kowe,
Muga tresna iki bakal tansah kejaga,
Nganti mengko wancine aku ketemu karo sliramu
Tak nteni balimu, yayi!



4.     Sliramu

Mas,
pancene sliramu wis gandhul ning atiku
pancene sliramu tegel gawe aku kepikiran terus
pancene sliramu sing ana ing donyaku
hamung sliramu,
dhuh kangmas,
sliramu tansah gawe aku pengen ketemu
sliramu tansah gawe aku mesem guyu
sliramu tansah ana ing saben impenku
pancen sliramu,
sing dak tresnani


5.       Lungamu

Dek wingi,
Tak terne sliramu menyang terminal
Ngeterna sliramu sing arep pamitan
Netes eluhku krungu kabar sliramu lunga
Beja aku isih duwe wektu kanggo ketemu
Dhuh Dhek,
Lungamu iki mung bisa tak sangoni donga
Lungamu ing paran kudu pancen bener kanggo sinau
Aja ngasi adoh paran blenjani janji
Tresnaku iki ya mung kanggo sliramu
Senajan pirang-pirang tahun tetep tak nteni balimu
Dhek..
Apa kuwat aku mbok tinggal suwe?
Apa isa aku urip ning desa ora ana kowe?
Sing mesthi, lungamu tetep tak nteni baline.


6.       Bapak lan Ibu

Wengi sajak ngelingake,
Nalika biyen isih digendhong ibu,
Turu ning jaba dibopong bapak
Bapak, ibu, anakmu kapang
Tresnamu sajak gawe trenyuh
Sagedhene apa aku tresna
Kabeh ora bisa mbales budi bapak, ibu
Bapak, ibu
Dongaku marang Gusti Pangeran
Mugi bapak ibu pinaringan sugeng
Ing adoh kene,
tresnamu tansah wae gawe anget ati sing kademen iki
bapak ibu, aku tresna…


7.       Tandha Tresna saking Gusti

Sih wilasaning saka gusti
Gawe aku kelingan
Aku iki udu apa-apa
Tanpa tresna saka Gusti Pangeran
Cobaning urip kuwi tandha tresna
Nikmating donya kuwi tandha tresna
Bagas waras, gerah sayah kui uga tandha tresna
Apameneh sing gawe sumelang?
Tresna a marang Gusti Pangeran
Supaya Pangeran tresna marang awakmu


8.     Kanggo Kowe

Kanggo kowe sing tak tresna
Kanggo kowe sing tansah gawe mesem
Kanggo kowe sing gawe kapang
Ngertio.,
Ning kene aku kadhemen,
Kapang karo ruketanmu sing anget
Kang gumanthil ing ati tan bisa tak lalekno
Ndang bali, yayi!
Aku kapang!


9.       Bali kang sejati

Dina iki aku wis adus wangi
Dina iki aku wis macak rapi
Dina iki aku wis siap mangkat
Dina iki pancen wis tak nteni
Dina ing wayah kowe bakal bali
Tak nteni ing terminal kaya wingi

Sapa nyangka? Sapa ngira?
Kowe pancen bali tenan
Sedhih ati iki,
Balimu kang sejati,
Gawe ati nangis trataban
Nteni aku, bakal tak susul besuk
Dongaku, muga suwargi entukanmu
Aamiin…


10.   Tandha Tresna

Awak uwis wangi,
Awak uwis rapi,
Laku wis manteb
Merga ati wis gumantil
Dina iki tak tekani umahmu
Tak gawake sepasang cincin emas
Tak ajak bapak ibu lan serombongan
Mugi bapakmu ngijini aku nembung awakmu
Merga iki wiwitan saka tandha tresnaku marang awakmu
Saka kangmas kanggo nimas sing paling dak sayang.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar