Minggu, 27 Oktober 2019

10 gurit kanthi tema Kabudayan


1.    Budaya kudu rembaka

Reog,
Jarene budayane cah enom,
Wayang,
Jarene budaya sing wis ilang?
Unggah ungguh,
Jarene budaya sing wis ra mungguh,
Tata krama,
Jare budaya sing wis ra ana?
Jare sapa?
He? Jare sapa?
Reneo! Meleko!
Kowe kuwi mung krungu jarene!
Coba sawangen! Coba ngerteni!
Kabeh kuwi prelu dilestariake!
Nek ora kowe-kowe meh sapa maneh?
Ora enom, ora tua, kabeh duwe budaya
Ora wong desa, ora wong kota, kabeh duwe budaya.
Kabeh kudu melu nglestarekake


2.       Jan Kebangeten

Budaya jawa jare kalah karo budaya manca
Budaya Jawa jare wis ra ana ajine
Ngrembakaake budaya kui kudu!
Udu. Udu budaya manca sing jarene lagi hits!
Ora mung budaya manca sing kudu disinaoni,
Nanging budayamu dhewe kudu dirembakake,
supaya ora ilang diaku wong manca
apa lila?
Yen budaya Jawa diaku marang Negara manca?
Apa lila?
Yen budaya Jawa wis ora ana maneh?
Apa lila?
Anak putu wis rareti budaya
Amarga wong tuwa sing wegah ngengalna.
Malah kepara wis lali budaya
Jan kebangeten!


3.       Reogan

Ah! Apike!
Padha jejogetan rana rene ing jero pager pring
Jarane di oyag-ayig bebarengan karo kanca-kancane
Pancen sajak nyeni!
Kuwi lak kanggo wong sing reti seni

Eh, lakok ana bocah wingi sore,
Sajak ngece budaya sing diduweni Jawa iki
Jarene Musrik,
Jarene kapir,
jarene iki
Jarene kuwi
Ealah nang! Ngertio!
Reog kuwi ora ngelek-eleki donya
Reog kuwi ora meh nyekuthuke agama
Sing main ya duwe agama
Kui mung budaya
Kui tinggalan leluhurmu
Kuwi kudu dirembakakake
Uga perlu dijaga!
Supaya ora ilang dipangan jaman!


4.       Ngendikane Ibu

Ndhuk,
Tak kandhani,
Jaman ibuk cilik,
Dolanane ibuk kuwi udu hape kaya sing mbok gujeng,
Ibuk biyen dolanane ya mung dakon, engklek, gobag sodor, karo karetan
La kok saiki dolananmu karo kanca-kancamu wis beda
Wis jamane canggih, kabeh serba elektronik
Pancen wis ra budayane bocah jaman saiki
Dolan ning jaba karo kanca-kancane
Gawe rame kahanan ing desa
Jan… ibuk kapang, Ndhuk
Karo budaya dolanan jaman biyen!


5.       Unggah-ungguh

Ndhuk, Le
Jaman pancen wis owah,
Kabeh wis padha canggih,
Nanging aja ngasi sing siji iki owah,
Unggah ungguh kudu mungguh
Wong tuwa kudu diajeni
Marang liyan kudu tetep ngajeni
Iki perkara budaya Jawa sing jare duwe tata krama
Udu perkara wong tuwa sing wis kuna
Ngertio! Budaya Jawa kudu tetep ngrembaka!
Aja ngasi dadi wong Jawa sing ilang Jawa ne!


6.       Langgar

Adan wis keprungu saka langgar
Bocah-bocah padha budhal menyang langgar
Rebutan panggonan salat sing ngarep dhewe
Bengok aamiin paling banter ben supaya padha krungu
Bubar solat padha melu imam wiridan
Rampung donga ora langsung bali
Malah kepara antri ngaji ing meja dawa
Nanging,kuwi biyen,
Nalika langgar isih rame bocah,
Budaya sing uwis punah
Biyen langgar rame bocah
Saiki bocah padha ing njero omah
Biyen maghrib rebutan sholawat
Saiki maghrib padha banterke suara teve
Langgar, muga rame meneh.
Kaya adat saben dina,biyen

7.       Bocah

Bocah saiki ora reti budaya
Emboh merga wong tuwa sing lali budaya
Emboh wong tuwa sing wis wegah ngelingke?
Jaman wis gawe  budaya daerah kegusur
Budaya daerah kaya-kaya wis ra kanggo
Wis ora dibutuhake lan dilaleke
Malah kepara bocah-bocah padha tiru budaya barat
Ealah cah, nguri-uri budayamu dhewe ki ya perlu!

8.       Mitoni

Wis gedhe temen weteng sing ana kandhutan e iki
Ra krasa umur kandhutane wis ngancik umur pitong sasi
Jabang bayi wis nendhang-nendhang sajak geger pengen metu
Calon ibu sajak mesem tan ora leren
Calon simbah ora leren olehe ngandhani calon ibu
Wis wayahe adat mitoni dianakake
Kanggo dongani jabang bayi muga lancar anggone lair mengko
Supaya ibu lan bayi padha sehat e nganti lairan
Gambar Kamaratih lan Kamajaya pralambang bagus anake
9.       Budaya Jawa
Budaya Jawa kuwi apa?
Budaya Jawa nggone sapa?
Budaya Jawa kuwi sapa sing ngajarake?
Budaya Jawa kuwi kudu diapake?
Cah, ngertiya
Budaya Jawa kuwi budayane wong Jawa
Sing jarene manggon ing Jawa Tengah, Ngayogyakarta, utawa Jawa TImur
Budaya Jawa kuwi ora mung diajarake, nanging kudu disinaoni
Budaya Jawa kuwi ya kudu dirembakake!


10.   Nyekar

Takbiran krungu saka masjid
Bubar sola ied
Nuli sing enom njaluk ngapura karo sing tuwa
Manjing srengengene wis radha munggah
Sing padha duwe leluhur budhal sarean
Ora liya kanggo ndongake leluhure
Supaya padha mulya ing alam barzah
Ora lali dhuwur kubur diwenehi sekar
Supaya tansah arum diambu kabeh ciptaNe Gusti

Tidak ada komentar:

Posting Komentar