Minggu, 27 Oktober 2019

gurit kanthi tema Alam dening Septiana


1.       Alame wis owah

Wengi iki
Lintang ora ana sing katon
Sajak ngajak Jilumpetan
Megane sajak mendhung
Nutupi rembulan sing endah
Tak sawang alamku wis owah
Wengi padhang e kaya rina
Yen rina panase ngetenteng
Wis mboh! Pokoke alamku wis owah!

2.       Kahanane

Alas diobong
Pantai diregeti
Dalan dingo guwak sampah
Kebon dibabati
Dalan diambake
Jan tobat!
Kahanan apa iki ?
Alame padha dirusak
Banjur meh padha mangan apa yen panggon nggo nandur pari wis ra ana?
Banjur meh padha ngiyup ngendi yen wit-witan wis ditegori ora ditanduri meneh?
Banjur meh padha kepiye yen wis ra ana alam sing isa disambati?
Banjur meh padha yen kahanane ambyar kaya ngene?


3.       Gunung abang

Isuk pancen isih oren srengengene
Nanging kuwi udu sing jalari gununge katon abang
Katon banget abange
Emboh sansaya becii
emboh sansaya ora becik
jebule kuwi pratandha ora becik
ngageti-ngageti uwong pancen
gunungku kae
gunung sing tak bangga-banggake kae kobong!
La gek sapa sing tegel ngobong?
Apa  pancen amarga srengenge sing makantar-kantar leh ngenehi cahyane
Nganti sumlorote gawe panas lan kobong gunung abang kae
Dhuh gunung abang!


4.       Bencana alam

Dhuh Gusti!
Ampun duka!
Manungsa taksih butuh alam menika,
Ampun Gusti!
Ampun tsunami malih!
Ampun gempa malih!
Ampun Gusti!
Saestu kula nyuwun
Ampun duka!
Alam ampun sirna!


5.       Alam

Apa to alam kuwi?
Apa sing katon mata kuwi?
Apa sing ana ing njero lemah?
Apa sing katon endah kuwi?
Apa sing ana ing dhuwur langit kae?
Apa sing ora katon kaya bangsa lelembut kuwi?
Sak ngertiku alam kuwi ya kabeh sing dicipta marang Gusti Pangeran

6.       Alas

Ealah…
Alas sing jarene jantung donya
Lakok panggah dibabat
Alas sing jarene pabrik oksigen
Lakok panggah digawe bangunan
Yen alas e wis entek,
Meh padha tetanduran ning ngendi?
Meh do amebegan nganggo apa?
Ngertiya, menungsa isih butuh alas kanggo samubarang kauripan
Aja angger babat alas!
Nanging kudu diimbangi kanthi nandur uwit kang bakale dibutuhake besuke
Mboh uwit sing bakal dikanggokake kayune
Utawa uwit sing bakal dikanggokake buahe
Saorane donyane isih keiyupan
Ora panas lan hawane adhem!

7.       Udan

Megane mendhung
Langite peteng
Hawane adhem
Angine ngamuk
Wit padha joget ra aturan
Banyune sajak kasuntak saka langit
Kaya-kaya arep ngroyok sapa wae sing ora ngiyup
Mak tetes perih ning kulit
Mak bres nelesi awak sing ora tudhungan apa-apa
Sajak alame muntab ngetokake kabeh sing dadi murkane
Nanging, udan ya panggah udan!
Kuwi mung siklus alam

8.       Kali

Biyen wening rupamu
Tak nggo adus ana ing pinggiranmu
Tak nggo nglangi karo kanca-kancaku
Iwak katon mumpet wedi tak cekel
Seger banyune aku doyan ngombe
Saiki buthek banyu sing mbok ilikake
Ha kok njegur,
Wong nyawang wae sajak wegah
Katon kemproh!
O la dhasar menungsa murang tata!
Kaliku sing biyen kanggo ibu ngumbahi saiki diregeti!
Rumangsa wis ora butuh kali.
Peh umah wis ana “kamar mandi
Banjur rumangsa kali wis ora penting
Kaya emoh-emoh o tenan ngopeni kali
Iwak wis ra katon amarga butheke banyu
Pancen kemproh menungsa kuwi!


9.       Sawah

Manjing isuk bar subuh
Tani menyang sawah
Gawa arit lan pacul
Niliki pari sing wis nguning-nguning
Manuk mprit padha becicit
Nutuli pari sing ana ing ulere
Ula sajak alon-alon nyawang kodhok
Tanpa aba-aba banjur dicaplok
Werok gedhe-gedhe sajak ngenteni tani bali
Supaya isa mangan pari tanpa konangan
La kae ana garangan
Jan sawah pancen akeh kewane!


10.   Srengenge

Yen isuk wernane oren gawe ayem
Yen awan panase nggaringke kumbahan
Yen sore sajak oren nggawe ati tentrem
Yen wengi ilang kaganti rembulan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar